Minggu, 10 Mei 2009

IN KENE

SAMPEYAN PENGIN NGERTI APA TA GEGURITAN KUWI? IKI LHO BUKAKEN.........

JAROT MRENGES


Rabu, 03 Desember 2008

cerkak

SING TEKA ING WAYAH WENGI

dening : JAROT SETYONO,


Aku nembe bae mulih nalika lawang dithothok saka njaba. Sirahku rasane senut-senut. Mula nalika lawang dithothok kuwi babar pisan ora dak gape. Malah sikilku njur tak angkat tumumpang meja kawuk kang ngrenggani ruang tamu omah kontrakkanku.

Sing nothok lawang malah saya seru anggone nothok. Kepara malah lawangku kaya digedhor-gedhor. Sajak rumangsa waringuten. Ibune, Dhenok enggal metu saka kamar. Kepengin ngerti sapa kang nggedhor lawang mau. Tekan ruang tamu, dheweke nyemantani aku,

“ Kok ora dibukakake lawang, tamune, Mas…”

“Coba dibukakake dhewe. Awakku lagi ora kepenak,” aku grundelan. Kok olehe ora nyebut. Genah wayah ngene iki usume wong lagi padha leren kok ndadak maradhayoh. Apamaneh kaya aku kang ngayahi pegawean abot ngene iki, wektu kanggo ngaso dak manfaatake temenan.

Kriyett !! keprungu selot lawang dibukak nyaiku. Dheweke jumbul weruh sapa kang ana ngarepe. Kepeksa aku ya melu gawok. Malih kepegin ngerti sapa sejatine kang nembe teka kuwi.

“Ibuu?! Teka dalu sanget anggenipun tindak mriki. Kathik mboten maringi kabar langkung rumiyiin…”

Krungu panguwuhe, Surti, aku njenggirat mlayu marani lawang. Banjur gagean aku ndheprok sungkem ngambung astane, Ibu kang anyep njejet kaya gedebog. Saka rumangsaku, pasuryane, Ibu malih pucet kaya kapas. Badane rada katon kuru. Sing mbedakake ibu telung taun kepungkur nalika dak tinggal bara menyang kutha gedhe kuwi mung lageyane. Mbiyen piyambake kagungan sifat kang ramah. Apamaneh marang aku kang mujudake anak kesayangane. Ning wengi iki ketara yen ibu nandhang duhkita. Eseme blas ora katon. Mung njenggureng sajak ngempet kanepson. Nalika dak ambungi astane, piyambake mung meneng. Jumeneng kaku. Ora nuduhake keramahan kaya sabene. Aku malih dadi ora kepenak.

“Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Bu. Keng putra mboten saged nyembadani kados kekudanganipun kala rumiyin, malah kula sampun kumawantun dora. Sejatosipun anggen kula kumawantun dora dhumateng penjenengan, awit saking rumaos lingsem dene kula wonten ing kitha ageng gagal anggen kula usaha…” aku ndhingkluk ora wani mandeng socane ibu kang landhep lan ketus.

Mbiyen pancen nalika aku arep budhal ngadu nasib menyang kutha gedhe, aku janji menyang ibu yen mesthi bakal kasil. Kanthi ijasah diploma telu, anggitku mesthi bisa oleh pegawean kang nyocoki. Ning jebule pangiraku mleset. Ijasah diploma telu nyel, tanpa nduweni pengalaman, pranyata ora ana gunane. Kabeh lamaranku ditolak dening perusahaan. Kamangka aku wis kadhung kendhel-kendhelan anak siji kang dak tinggal ana kampung. Sawise sawatara suwe anggonku usaha gagal, aku ora banjur bali menyang ndesa. Ning bertahan ana kutha gedhe. Malah anak bojoku tak boyong sisan. Merga lingsem marang ibu kang wis sepuh, kathik isih kabotan nguripi putune. Sejatine ibu ya nggandholi lan ora tega yen Dhenok anakku banjur tak gawa menyang kutha. Ning aku kasil ngyakinake ibu, yen ing kutha gedhe aku wis cekel gawe kanthi pengasilan lumayan. Ora-orane yen Dhenok bakal kapiran….

“Aku gela, Narto. Gene kowe wis wani ngapusi ibumu. Apa kang mbok critakake ana ing saben layangmu kang dak tampa, pranyata jumbuh karo kahanan kang sabenere.”

“Sejatosipun kula mboten tegel ngapusi, Ibu. Ning kula rumaos lingsem dene mboten saged nyembadani menapa ingkang dados idham-idhamanipun, Ibu ….”

“Banjur ing ngendi sifat lanangmu, cah Bagus? Wiwit kowe isih cilik, ibumu ora tau ngajari kowe ngapusi. Nanging geneya sawise kowe dewasa malah pinter ngapusi ibumu? Ibu gela banget, Narto…” ibu watuk-watuk sedhela. Aku lan Surti mung tumungkul. Ora wani mbantah. Ora wani ngutus ibu supaya enggal mlebu menyang omah.

“Ing umurku kang saya tuwa ngene iki, ora gampang ngulu ngono bae apa kang mbok kandhakake. Menungsa urip mono mung ana rong perangan. Yen ora sukses ya gagal. NIng kegagalan dudu mujudake alesan kanggo ngapusi….”

“Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Bu,” bola-bali sing kawetu ana lambeku mung tembung kuwi.

“Olehku mrene mau ora arep nyawang kegagalan usahamu. Aku wis ngerti wiwit mbiyen yen kowe sejatine ana kutha urip rekasa. Ning sing tak pikir mung putuku, Dhenok. Mesakake bocah kae. Isih cilik wis melu nandhang kasangsayane wong tuwane kang ora becus samubarange….”

“Dhenok nembe bubuk, Bu,” Surti manekake ngomong.

Gurawalan ibu ngipatake tanganku kang tansah nyekeli astane. Bablas mlaku tumuju kamar panggonane, Dhenok. Aku lan Surti mung pandeng-pandengan, banjur nginthil ana samburine ibu.

Nalika weruh kahanane, Dhenok. Ibu ngelus dhadha.

“Kowe sakloron pancen wong tuwa ora nggenah. Coba umpama, Dhenok tetep ana kampung, mesthine ora nganti kaya ngene kahanane. Turu ana amben reyot, bantalan bantal lungset lan kasur bawuken kang ambune apek kaya ngene. Kathik nyamuk pirang-pirang ngrubung awake kang kuru aking. Coba, apa kowe wis ora kuwat tuku obat nyamuk?...”

Gageyan ibu marani, Dhenok. Bocah umur patang taun kuwi diambungi pipine sinambi didekep kenceng. Ana pojok socane katon eluh ndlewer.

“Eyang rawuh, cah ayu. Eyang tansah kelingan kowe. Sadurunge bubuk mau apa wis diapalake do’a olehe ngajari, Eyang mbiyen?. Sadurunge ma’em apa kowe isih eling do’ane, cah ayu? Welingku, aja ninggalake Pangeran kang kagungan urip iki ya, Wuk. Kareben uripmu mbesuk ora kaya bapakmu kang wus wani nglanggar piwulang agama saka ibumu…”

Weruh ibu ngudang, Dhenok kaya mangkono, aku lan Surti ora kuwat nahan luh. Rasa trenyuh lan welas dumadakan ngondhok-ondhok ana dhadha. Surti banjur nyendhekake sirahe ana dhadhaku. Aku dhewe mung bisa kamisesegen. Sadawane uripku, ya nembe pisan iki aku nangis. Nangisi, Dhenok anaku kang isih cilik wis melu urip sengsara. Nangisi kelakuanku kang wus nggawe gelane ibu nganti kaya mangkono. Nangisi kahanan kang sajak ora adil menyang awaku kang digiring menyang nasib kang ora jelas juntrunge. Dhuh Pangeran kang kagungan urip iki, kula nyuwun pangapunten ingkang ageng….”

“Aku kesel banget. Mula aja mbok ganggu anggonku turu sandhing putuku kene…”

“Menapa mboten dhahar rumiyin, Bu?,” Surti ngutus ibu supaya dhahar. Ning sajake ibu wis sayah temenan. Sedhela banjur piyambake wis sare nglengger sinambi ngrangkul, Dhenok. Aku lan Surti uga banjur metu saka kamar kono. Banjur nggelar klasa ana ruang tamu. Melu turu.

Tengah wengi aku ngendhangi kamar maneh. Mbok menawa ibu nglilir. Mengko gek mbutuhake apa ta apa. Dak deleng jebul ibu isih sare nglipus. Aku ngebuti nyamuk-nyamuk kang ngrubung ana awake, Dhenok. Aku dhewe nggumun, Kabeh nyamuk sasat ngrubung Dhenok, dene ibu babar pisan ora ana siji bae nyamuk kang ngrubung. Ning rasa nggumunku ora dak blakakake menyang Surti. Sing dak catur karo Surti malah rawuhe ibu ing wengi kang nglangut iki. Sapa kang ngeterake? Kamangka ibu mono durung nate tindak mrene. Kathik bengi iki dumadakan muncul ana omah kontrakanku kang apek lan reyot iki Rawuh langsung ndukani aku….

“Akh, sesuk ae dak takon, Jamal kang kabare nembe endhang menyang desa. Sapa ngerti dheweke kang mbarengi, Ibu tindak mrene.”

Esuke sidane aku mruput menyang omahe, Jamal, tangga desaku ana ndesa. Tekan plataran omahe langsung aku diplayoni dheweke.

“Ana interlokal saka desa, Mas. Kebeneran kok kaya semayanan bae. Dhik aja kok tutup tilpune, iki wonge wis teka dhewe…” panguwuhe Jamal menyang bojone kang nembe nampa tilpun.

:Dhik, Narto. Saiki uga balia menyang ndesa, Ibumu tinggal donya…” trataabb atine Narto dumadakan kumesar. Ora percaya.

“Ibu nembe ana kene ki, Dhe. Gak kleru ta sampeyan.?”

“Ibumu kuwi lara wis seminggu. Saben ndina tansah nyebut jenengmu lan Dhenok anakmu….”

“Ning …..” tilpun saka sebrang kana kesusu ditutup. Narto kepengin nyatakake yen kabar mau mung ngayawara. Dheweke bablas bali mulih. Ngungak kamar sing dianggo sare ibune lan Dhenok. Pranyata ibune wis ora ana. Diongak menyang pakiwan ya ora ana. Surti dhewe malah bingung nyawang Narto kang mubeng-mubeng sinambi ngundang-ngundang Ibune.

“Banjur sapa tamuku kang teka ing wayah wengi kuwiiiii,” Panguwuhe Narto sadurunge semaput….*****


Trenggalek, 14 Maret 2005



GEGURITAN

JUDUL : I N G S U N

DENING : JAROT SETYONO

Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu

Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun

Ingsun sawijine dluwang putih

Putihe banyu segara

Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega

Ingsun dudu geni, genine kabungahan

Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih

Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya

Ndonya padhang gilar-gilar

Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak

Ingsun dadi bageyane ndonya

Kang tansah dijaga, diemban

Dening ibu bumi bapa angkasa

Kakang kawah adhi ari-ari

Ingsun mlaku urut rumpile kawah

Kawahe kang ndhepani candhala,

Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati

Lan ingsun bangsane godhong

Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin

Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang

Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung

Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan

Dadi tumbale kautaman, urut lakune kabagyan…


TRENGGALEK, 05 MARET 1991